Minggu, 29 Desember 2013




Kelingan Awakmu
dening Faera Astuti



Lakumu ngalihake pikiran
Ngilangake rasa gelisahing tiyas
Mbalung slungsum ing awak iki
Lingsem nalika ketemu
Kangen nalika adoh

Duh Gusti...
Wis tak coba nglaleake awakmu
Nanging raga iki tansaya  lara
tiyas iki tansaya remuk

Trenyuh ati iki
Yen kelingan awakmu