Nyalahake
Pak Burhan
Dening:
Diana Susanto
Jam wis nunjuk ning angka 06.50, iku brarti 10 menit maneh gerbang sekolah di tutup
ananging
Prayit iseh nyante nongkrong ning warunge mbok Jumirah udud-udud karo Durman, ya
bocah
loro
kuwi
ncen
ra
ana tandingane sak sekolahan, kabeh bocah sak sekolah pada ngajeni kabeh, kecuali
siji
yaiku
Rumi bocah wedok paling ayu dhewe primadona SMA GatotKaca,
“Mbok Jum, jam pira iki mbok?” Prayit takon rada nyante.
“Sek ya mas tak delok ” Mbok Jum mlebu warung, Prayit kempas-kempus nglanjutke udude maneh, ora let sue mbok
Jum metu.
“Wah jam ku
mati eh mas“.
Mbok
Jumirah mangsuli.
“Waduh jam mati kok isih dipasang to mbok?”.
“Lah iki jame mati durung sue mas, pandome
wae
tasih
nunjuk 06.30”.
“Wah iseh isa nyante brarti ta bro”.Durman nambahi
“nyante
piye ta man? Kae jame mbok Jum mati, jal delok jam mu”
fuuhhhh,
Prayit di sembur kukus rokok
sek
nembe
wae di sedot
Durman, “semprul!! ngapa ta kowe?” Durman meneng wae, malah nyengir “hehe”.
Si Prayit tan saya panas pitakonane ra di wangsuli “lambemu le nyengir kaya kethek kui lhoo”.
Krungu Prayit ngarani kethek Durman ya tetep nyengir, malah
tan
saya
kecut “hehe 10 menit
maneh bro”.
Ra nganggo suwe Prayit langsung gas pol beboncengan
numpak ninja bareng
Durman, karang jarak warunge mbok Jum karo SMA lumayan
adoh, dadi
Prayit
numpake
rada
ngebut. Apa wae ning ngarepe di libas
kabeh, sak jane telat mangkat sekolah yawes biasa, ananging
iki dina
terakhir yen Durman karo Prayit kena poin, kue bocah loro bakal di depak
seka SMA GatotKaca, di tambah
maneh jam pertama
yaiku
jame
Pak
Burhan, guru matematika
sek di kenal guru paling
killer ning sekolah.
Saka mburi Durman nabok-nabok gegere Prayit, plak..!! plakk !!!
Plakkkk…!!!
“Ngopo ta kowe Man nabok gegerku!!“ Prayit rada seru
“Ayooooo broo gas polllll”.
Saka adohan gerbang sekolah ketok ngawe-awe, ananging
pandengane
Prayit ora tumuju gerbang sekolah, malahan
delokke Rumi
sek pas kuwi ya padha wae telat. Prayit tambah alon ale numpak motor.
“Yayang Rumi ayo bareng aku, ngko ndak telat lho” Nada alus
“Bareng piye ta mas? Kuwi wong ana Durman og” karo mlaku cepet.
“Ohh iyaya, aku lali hehe” nyengir alay.
“Kon ning tengah wae ngene bro” candhake Durman klisik-klisik
marang
Prayit.
“Ngapa kowe rang omong dhewe marang Rumi?”.
“Wahha ku grogi yen ngomong
marang
wong
ayu” dumadakan
percakapan Durman lan Prayit dipugel Rumi.
“Woy!! Pada ngomongke apa ta!!??”.
“Hehe ra papa Rum” Prayit lan Durman mangsuli bebarengan,
“Ayo ngene tengah lho Rum, iseh muat kok” Prayit nambahi.
“Hehehe” Rumi nyengir
“Wahhh manis tenan esem mu kuwi lho” Prayit ngledhek.
“Ora ngono mas, ki wes tekan ngarep gerbang lho hehe”.
Prayit lan Durman kaget yen percakapane
karo
Rumi ngasi tekan ngarep gerbang sekolah. Luwih bingung maneh merga gerbange wes di tutup. Banjur
cah 3 kui
ngrengek-ngrengek
ning
pak
satpam,
ora
mung
ngono
malah
Durman ngasi nangis-nangis. Nanging
pak
satpam yawes mudeng polahe Durman yen kui naming sandiwarane Durman men bisa
mlebu
kelas, sebabe
kedadean
iki
ora
naming
sepisan, nanging
wis bola-bali
dilakononi
cah
loro
mau. Akhire
naming
Rumi tok sek bisa mlebu, mergane
Rumi nembe wae telat kaping pisan.
Ora
mikir sue Prayit langsung tancap gas,
“Lhoo kok malah mbalik bro?” Durman rada bingung merga Prayit malah mlipir mbalik.
“Ssssttt, tenang
wae
dhewe
bias
mlebu
lewat pager mburi”.
“Llha iki motore piye?” Durman nambahi.
“Tenang wae ki motore dititipke
neng
pak
Tono lho” Jare
Prayit
Sakwise cah loro kui mau nitipke motor ning pak Tono, langsung wae menek pager ning mburi sekolah. Ra kepikir yen menek pager iku
perkara
gampang
akhire
Prayit lan Durman muter maneh
lewat
samping, sek
pagere
ora
dhuwur
nanging
ana
kawat
wesine. Ora
mikir sue Akhire
pada
nekat
cah
loro
mau
menek
bareng, ananging
nembe
wae
tekan
ndhuwur
Prayit lan Durman konangan pak satpam.
“Woy ngapa kowe pada
liwat pager?”. Satpam nganggo nada dhuwur.
“Masa
lewat
omahe
Pak
satpam, ya
kadohan ta
pak?” Durman mangsuli karo nyengir.
Banjur cah loro kui lagsung mlumpat bebarengan, ananging prepeeeeeettt….. kathoke
Durman nyanthel ngasi suwek rada amba, Prayit sek ning jejere ya lagsung ngguyu kepingkel-pingkel.
“Hahaahaha kui tutupi ndak ana sek ucul” Prayit karo nyengir.
“Ucul piye? Lha wong gerbange isih nutup kok” Durman rada nesu..
Sak wise lolos saka Pak satpam Durman lan Prayit langsung melesat ning kelas, nyambi nutupi kathoke sek suwek akhire tekan ngarep kelas, jebule Rumi ya urung suwe mlebu lan isih ngadeg ning ngarep kelas, banjur cah telu kui mau di introgasi
bebarengan.
Pak Burhan takon “ iki cah telu pada
niat
sekolah
pora!!? , kok
pada
telat
kenangapa!? Saka Rumi, alesan mu apa?” Pak Burhan rada keras.
“Anu pak, wau sak jane kula mboten telat ananging Prayit lan Durman ngganggu kula lho pak” Wangsulane Rumi.
”Ya
wes
kowe
lungguh
ngana” ngendikane pak Burhan.
“Matur nuwun pak”
Pak burhan
takon
mring Prayit lan Durman “kowe
cah
loro
jebule
biang
keroke ta!?” Pak Burhan mandeng Prayit lan Durman. “Durman alesan mu apa?”.
Durman
mangsuli “Sak
jane
kula
mboten
telat
pak, nanging
iki
salahe
jam’e
Mbok
Jumirah sek pejah pak”.
Prayit
nyaut
”Hehh kowe gemblung pa? Jam kok di salahke”.
Durmann
mangsuli
”Ya pancen ngono ta?”.
”Iya tapi ya aja jame sek di salahke ta?” Prayit njawab rada nesu.
”Banjur sapa
sek
salah?”.
Pitakone Durman karo rada bingung.
Prayit
njawab “Iki kabeh salahe Pak Burhan!!!!!!”.
Ujug-ujug suasanane dadi tegang .cah
sekelas
sek
lagi padha lungguh kaget kabeh, ora mung kuwi swarane Prayit ngasi gawe manuk-masuk
sek
lagi
pada
nangkring
neng
wit-witan ngarep kelas padha mabur kabehh..
Pak Burhan
takon “Kowe kok malah nyalahke bapak ki piye?”.
Prayit
mangsuli
”La nggih ta
pak,
masalahe
bapak
mlebet
kelas
riyin
sak
derange
kula
mlebet, dados kula
telat”.
Krungu
omongane
Prayit akhire cah sak kelas padha ngguyu kabehh.